Rabu, 07 Oktober 2015

ATUR PANAMPI PENGANTEN

Tuladha Panampi Pasrah Lamaran Calon Penganten
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun!
Dhumateng panjenenganipun Bapak … (ingkang nyalirani pasrah) ingkang sampun kepareng anyalirani pangandikanipun Bapak … sekaliyan, minangka duta sraya (badhe kadang besan), ingkang pantes sinuba ing pakurmatan.
Kanthi raos kurmat saha nyuwun sewu agunging pangaksama, inggih awit muundhi dhawuh timbalanipun raka … sekaliyan (ingkang mengku karya), awit keparengipun, kula piniji minangkka tetalangiing atur, supados anampi menggah wosing atur linambaran osiking manah ingkang luhur panjenenganipun Ibu/Bapak …, lumantar panjenengan.
Minangka purwaning atur, senadyan sampun kepara kasep angambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang ingkang tanpa pepindhan dene tindak panjenengan sampun kasembadaning sedya, kanthi manggih kawilujengan datan wonten pringga bayaning marga.
Salajengipun, sanget katampi kanthi gumbiraning manah, atur salam taklim sarta sungkem pangabektos saking panjenenganipun badhe calon besan lumantar panjenengan, salajengipun dhumawaha sami-sami lan samangke kaaturna wangsul.
Wondene atur pasrah paringipun sarana jangkeping salaku rabi, kula tampi kanthi suka bingahing manah, samangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bpak … sekaliyan. Boten sanes Ibu/Bp …, namung ngaturaken agenging panuwun menggah sedaya peparingipun badhe calon kadang besan, pratandha yekti kasoking sih katresnan dhumateng Bapak/Ibu … sekaliyan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami anetpi darmaning asepuh anggenipun ngentas pitulus putra lan tansah manggih raharja tuwin bagya mulya.
Makaten, atur panampi saking Bapak … sekaliyan, lumantar kula, saha ngaturi uninga bilih sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab sahakabulsarta panggih, dipunsuwun panjenenganipun Bapak … sekaliyan  wontena keparengipun anjenengi saha paring donga pangastuti murih rahayuning sedya.
Minangka pungkasaning atur, mbokbilih menawi wonten kuciwaning boja krami, anggen kula nampi menggah ing rawuh panjenengan sedaya, mugi tansah paringa sih samodra pangaksami. Semanten ugi kula, minangka tetalanging basa mbokbilih galap-gangsuling atur saha kiranging subasita, kupat duduhe santen sedaya lepat nyuwun pangapunten.
Akhirul kalam, Wa bilahit taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar