Rabu, 07 Oktober 2015

GEGURITAN

 GEGURITAN
Geguritan kalebu jinis puisi Jawa Modern. Dene wujud puisi Jawa Tradisional arupa tembang, kalebu tembang macapat, tembang tengahan, lan tembang gedhe. Sing kalebu tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dhandhanggula. Kalebu tembang tengahan yaiku Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung. Dene tembang gedhe yaiku Girisa.
Puisi jawa sing arupa tembang kaikat dening sawenehing paugeran/pathokan. Pathokan-pathokan kang ana sajroning tembang kaya sing katulis ing ngisor iki.
a)      Guru gatra tegese cacahing gatra (baris/larik) saben satunggal pada (bait/pupuh).
b)      Guru wilangan tegese cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
c)      Guru lagu / dhong-dhing tegese tibaning swara vokal ana ing pungkasaing gatra.
            Geguritan utawa geguritan juja-makjujane dianggo kanthi tujuan nyindir / nyemoni kahanan masyarakat wektu kuwi. Kajaba saka kuwi uga nduweni unsur pendidikan. Geguritan nduweni gatra kang ora tetep. Umume (biyen) gatrane kedadeyan saka wolung wanda, uga diwenehi ukara ing gatra kapisan sing unine “Sun gegurit”.
Geguritan saikiwisbeda, ngalami owah-owahan. Geguritan padaha karo puisi bebas sing ora kaiket dening cacahing baris saben bait, cacahing wanda saben gatra, uga ora kudu ana tembang “sun gegurit”, lan ora kudu bab ngandhut unsur pendidikan.
Tema kanggo geguritan iki warna-warna kayata; moral, lingkungan, katresnan, masalah sosial, lan liya-liyane. Ing ngisor iki ana tuladha geguritan sing temane asmara/katresnan.
Geguritan kuwi rinipta minangka wujud saka wedharan gagasan/rasa pangrasa pangripta.
Ana patang babagan kang kudu dimangerteni menawa arep maca geguritan, yaiku analisis situasi lan pamireng, milih geguritan, mbedah geguritan, lan latihan / gladhen.
1)      Analisis situasi lan pamireng
Tegese kanggo mangerteni kondhisi wektu arep maca puisi. Ana ngendi papane, bengi apa awan, ning jaba apa njero ruangan, piye situasine (sedhih, gumbira, serius), pamirang umure pira, agama, pendhidhikan lsp.
2)      Milih geguritan
Ana babagan kang bisa dadi tetimbangan nalika milih geguritan
  • Sifate transparan / lugas
  • Melodius – enak rima lan iramane
  • Isine geguritan diselarasake klawan situasi
  • teaterikal
3)      Mbedhah geguritan
Tegese naliti tuntas isining geguritan
4)      Latihan / Gladhen
Ana loro cara yaiku sacara ora langsung tegese nonton pawongan liya maca geguritan dene sacara langsung tegese maca kanthi vokalisasi lan ekspresif.
Komponen ana sajroning geguritan sing kudu digatekake nalika diwaca :
1)      Penghayatan
Penghayatan tegese mudheng isining geguritan, munggul tembung, intonasi, lan ekspressi / mimik.
2)      Vokal
Sing klebu ana vokal yaiku tembung diunekake kanthi  cetha, munggeleng tembung, lancar orane nalikaning maca, power/ketahanan nalikaning maca.
3)      Penampilan
Penampilan tegese bloking, teknik, setting
Geguritan ing ngisor iki wacanen kanthi apik !
PIWELING
                                                            Dening  Sendang Mulyono
Aku ngugemi ngendikanmu, Ibu
Nalika arep budhal sekolah
Nyangking tas kebak buku
Ngger, jagad iki amba  tebane
Aja cilik ati
Kabes bisa karengkuh
Kanthi gelmu
Ngger , ngendikane pujangga winasis
“Ngelmu  iku, kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas ngantosani
Setiya budya pangekesing  durangkara”
Pancen angel yen durung ketemu
Mula aja pegat sinau
Dadia wong pinter nanging
Aja keminter lan keblinger
Dadia wong sugih nanging
Aja sumugih
Dadia petinggi nanging
Aja ngapusi lan korupsi
Geguritan ing ndhuwur yen ditilik saka tembung, tembung sing dianggo katon cetha/transparan. Ora ana tembung sing nganggo konotasi / kias. Maknane apa anane. Lugas lugu/salumrahe. Iramane enak diwaca apa anane, rima / sajake / tembung-tembung kang nduweni uni sing memper/meh memper bisa ditemokake ana sadhengah baris. Vokalisasi  cetha.
PIWELING
            Ibu, aku tansah ngugemi ngendikanmu. Nalika semana aku arep budhal sekolah nyangking tas kang isine kebak buku.
Ngendikanmu nalika kuwi,”Ngger, jagad iki ambatebake.  Kowe aja cilik atik. Awit kabeh bisa karengkuh kanthi ngelmu.
Ngger, ngendikane pujangga winasis kaya ana ing tembang pucung. Elinga : ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas ngantosani, setya budya pangekasing durangkara.”
Pancen angel yen durung ketemu dalane. Mula saka kuwi aja pegat anggonmu sinau. Dadia wong sugih ananging aja nganti sumugih. Dadia petinggi nanging aja nganti sumugih. Dadia petinggi nanging aja  ngapusi lan korupsi.
B.  BASA RINENGGA KANGGO PEPAES SASTRA
Rinengga nduweni teges dipacaki, pinajang dipaesi utawa kinarawista. Kabeh mau nduweni perlu supaya dadi endah, bregas, lan ngresepake. Basa rinengga bisa uga diarani basa pajangan, basa pacakan, utawa basa bregasan. Basa rinengga mesthi wae duweni surasa kaendahan utawa kaendahaning surasane. Tegese senadyan endah, wong liya tetep bisa mangerteni apa kang tinulis. Sanadyan mesthi wae akeh uga basa kang endah sing angel disurasa tegese. Basa rinengga iku asring diprangguli ana ing geguritatn utawa gancaran kang arupa cerkak, roman utawa novel.
Ana rong cara kanggo ngrengga basa, kayata:
  • Sarana tinulis nganggo ukara liya kang tetembungane luwih bregas.
Tuladhana: kudu dikandhakake ora tan kena, aja tan ora banjur dadi basa rinengga
  • Ngganti tetembungan sawetara, upamane sarana diganti tembung kawi, banjur dadi basa rinengga tuladha:  tandange kaya banteng ketaton. Menawa unen-unen iku diganti tembung kawi, senadyan tegese padha karo basa lumrah, dadine tandange kadi andaka kanin.
Basa rinengga uga kerep dipranggili ana sajroning ukara pepindhan, candra, bebasan, paribasan, ukara sesumbar, lelewaning basa (stilistika) lan sapanunggalane. Tuladhane: grana ngrungih pindha kencana pinata. Ukara kasebut menawa dijlentrehake dadine kaya mangkene: manut dhapukaning diarani pepindhan, manut isine yaiku candrane irung kang wangune becik wernane kaya emas kang digilapake sarana patar, iku mau kang diarani candra. Gajah kajibah, mingkuh katempuh. Ukara iki diarani paribasan mawa basa rinengga , kang nduweni maksud : kepeksa nindakake , amarga wis kebanjur saguh.
Pethikan geguritan ing ndhuwur , akeh nggunakake ukara/tembung kang ora lumrah kanggo guneman iing padinan, kayata: anganti, angkuping, ampang, angsoka, musna, lan samun. Lelewaning basa uga nganggo basa rinengga, tuladhane: Angin anganti angkuping wengi, Ampang ngumandang, Kembang angsoka kelangan jingga.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar