JINISING TEMBUNG
- Tembung Lingga
Miturut jinising tembung-tembung kabedakake dadi rong perangan, yakuwi tembung lingga (kata dasar) lan tembung kangwisowah saka linggane (kata jadian/bentukan). Tembung lingga yakuwi sakabehing tembung kang durung ngalami owah-owahan. Tuladhane: anak, jaran, rob, banjir, lsp.
Miturut para ahli basa, tembung lingga sinebut kata asal utzwz tembung kang durung ngalami owah-owahan, lan sabenere dumadi saka tembung sing luwih dhisik ana utawa tembung-tembung kang luwih tuwa. Tembung tembung kuwi diarani tembung wod (akar kata).
Tembung wod suk, nurunake tembung lingga: pasuk, rasuk, rangsuk, susuk, dhesuk, isuk, lsp. Tembung wod pis, nurunake tembung lingga tipis, tapis, kempis, kempes, dhepis. Tembung wod lur, turunake tembung lingga dulur, ulur, sulur, pilur. Tembung wod wur, nurunake tembung lingga: uwur, siwur, kawur, mawur, sawur lsp.
- Tembung Owah
Tembung kang wis owah saka linggane kabedakake dadi telung perangan, yakuwi tembung andhahan, tembung kang dirangkep (kata ulang),lan tembung camboran utawa wancahan (kata majemuk).
Tembung lingga tekuk, bisa diowahi dadi tembung-tembung ditekuk, panekuk, tinekuk, tekukan, tekuk-tekukan, lsp. Kabeh tembung kuwi diarani tembung andhahan. Dene cara-carane tembung lingga didadekake tembung andhahan kuwi ana pirang-pirang. Ing ngisor iki tuladhane.
- diwenehi ater-ater (awalan)
Jinising ater-ater: (n), (m), (ny), (ng) kang uga sinebut ater-ater hanuswara uatawa swara irung; tak-, kok-, di, ka-, ke-, sa-, pa-, pi-, pra-, tar-, kuma-, kapi-, lsp.
- diwenehi seselan (sisipan): -um-, -in-, -er-, -el-
- diberi panambang akhiran: -a, -I, -e, -an, -en, -ana, -ake, -na, -ne, –ku, -mu.
- Rimbag Lingga Andhahan
Sayektine ana tembung-tembung kangwiskalebu tembung andhahan ananging isih dianggep tembung lingga, sebab tembung-tembung kuwi isi bisa diwenehi ater-ater, panambang, lan seselan kayadene tembung lingga.
Tuladhane: omah dadi lingga andhahane somah. Somah bisa dadi tembung andhahan maneh saka tembung sesomahan. Ubeng dadi lingga andhahan kubeng, kubeng isih bisa didadekake tembungkinubeng.
Tembung kang kalebu lingga andhahan yakuwi:
- Tembung lingga sing antuk ater-ater sa-, pa-, pi-, pra-, tar- (tra-), ka-.
Tuladha: sa : sa- + iji = siji
Sa- + olah = solah
Pa : pa- + omah = pomah
Pa-+ ro = paro
Pi- : pi- + wulang = piwulang
Pi- + ala = piala
Pi- + andel = piandel
Pi- + dana = pidana
Pra : pra- + kara = prakara
Pra- + lambang= pralambang
Pra-+ jurit = prajurit
Tar-(tra-): tar- + tamtu = tartamtu
Tar- + buka = tarbuka
Tar- + kadhang= tarkadhang
Ka- : ka- + ubeng = kubeng
Ka- + wruh = kawruh
Ka – + arsa = karsa
Tembung-tembung lingga ing ndhuwur (kajaba ater-ater tra-/tar-) diarani tembung aran (kata benda)
- tembung lingga kang antuk ater-ater pan-, pany-, pam-, pang-
tuladhane:
pan- + tiyung = pantiyung
pan- + colot = pancolot
pan- + telung = pantelung
Tembung lingga andhahan ing ndhuwur kalebu tembung kahanan/kaanan.
tembung lingga kang antuk seselan (-er-, -el-) sabenere sajinis, amarga bisa ganti-gumanti. Tuladha:krelip, klelip . dene tembung lingga kang antuk seselan –el-, -er-, uga kalebu tembung kahanan/kaanan.
- Rimbag Bawae
Rimbag bawa ana telu: (1) bawa kapi, bawa kami, bawa kuma; (2) bawa ha; (3) bawa ma. Katelune diwedharake ing ngisor iki.
- Bawa kapi, bawa kamu, bawa kuma
Tuladha :
- Fatimah ora wani metu amarga kamigilan ula welang.
- Sing kumawani wewaler kapatrapan paukuman.
- Pak Bei punika penggalihipun kapilare sanget.
Tembung: kamigilan (kami- + gila+ -an), kumawani (kuma- + wani), kapilare (kapi- + lare), diarani rimbag-nya bawa kami, kuma, lan kapi. Tembung-tembung kasebut kalebu tembung kaanan kang nerangake sipating manungsa. Dene tegese (nosi/arti) yakuwi:
- Banget
Tuladha: kamigilan: banget ing gilane
Kamisesegen: banget sesegen
- Kaya
Kapilare: sipati kaya lare/bocah banget
Kamituwa: pacake kayawistuwa
- Anggepe kaya
Kumratu: anggepe kaya ratu-ratua
Kumlanang: anggepe kaya lanang-lananga.
- Bawa Ha
Tuladha:
Suta pijer medhukun bae, nanging larane anake datan ana sudane
Ngati-ati srawung wong kang apangawak setan
Medhukun saka tembung linggga dhukun antukater-ater ma-. Apangawak saka tembung lingga pangawak antuk ater-ater a-.
Tembung-tembung kang antuk ater-ater a- utawa ma- rimbag-nya diarani bawa ha. Tegese (arti/nosi) rimbag bawa ha, yakuwi:
- Nduweni
Tuladha: Anak turune abandha-abandhu (nduwena bandha-bandhu) , saengga uripe bisa mubra-mubru.
Ora sanak ora akadang (nduweni kadang) yen mati melu kelangan.
- Manganggo
Tuladha: Sore-sore akemul (manganggo kemul) sarung.
- Kaya sing sinebut ana tembung lingga
Tuladhane: Tandure wisakembang, asemi, awoh.
- Bareng
Tuladhane: Bocah-bocah padha bungah atampa (barengnampa) dhuwit.
- Bawa Ma
Bawa ma kuwi kedadeyan saka tembung lingga kang antuk seselan –um- papane ana samburine aksara purwa tembung. Tuladha: kenthus dadi k-(um)- enthus : kumenthus; kaki dadi k-(um)-aki: kumaki.
Tembung lingga kang antuk seselan –um-, tarkadhang ngalami owah-owahan ana aksara purwaning tembung. Tuladha:
- Tembung lingga kang akara purwaning tembung p nalikaning antuk seselan –um- gumanti k.tuladha: pati – umati dadi mati; putung-umutung dadi mutung; panggang dadi kumanggang, pinter dadi kuminter
- purwaning tembung aksara w gumati k. tuladha: wasis dadi kumasis; wareg dadi kumareg, waras dadi kumaras.
- purwaning tembung aksara b gumanti g. tuladha: bobor dadi gumobor, bagus dadi gumagus, banter dadi gumanter.
- purwaning tembung aksara ha menawa antuk seselan –um-, wiwitaning lungguh luluh. Tuladha: ulung dadi umudhun dicekak mudhun; ulur dadi umulur dicekak umulur.
Tegese (nosi/arti) tembung bawa ma:
- nduweni kaanan/sipat kaya kang sinebut ana ing tembung lingga. Tuladha: kuminter (nduweni sipat kaya pinter-pintera
- lagi nedheng-nedhenge. Tuladha: kumeruk (lagi nedheng-nedhenge dikeruk).
- Kaya uni utawa swara kang sinebut ana linggane. Tuladha: jumegur (swarana jegur); cumengkling (swarane cengkling) lsp.
- kaanan: turun-tumurun.
- Rimbag Tembung Tanggap
Tembung lingga kang antuk ater-ater dak-, kok-, di-. Gampangane diarani rimbag dak, rimbag ko, lan rimbag di.
ü Dak + lingga diarani rimbag utama purusa
ü Kok + lingga diarani rimbag madyama purusa
ü Di + lingga diarani rimbag pratama purusa
Tarkadhang tembung lingga kajabawisantuk ater-ater tanggap uga antuk panambang –I utawa –ake, mulane miturut panambange kaperang dadi telu.
- tanggap wantah
Tegese tanggap kang tanpa panambang. Gawa: takgawa, dakgawa: rimbage tanggap tak wantah utawa tanggap utama purusa kriya wantah. Kokgawa/kogawa: rimbage tanggap ko wantah utawa tanggap madyama purusa kriya wantah. Digawa rimbage tanggap di wantah utawa tanggap pratama purusa kriya wantah.
- tanggap –I (kriya)
Tegese tanggap kang antuk panambang –i. tuladha: tulis –taktulisi: ribage tanggap tak –I kriya (tanggap utama purusa –I kriya).
- tanggap –ke (kriya)
- tanggap ka/na
B. PEPRINCENING JINISING TEMBUNG
Basa saja kaperang dadi 9 golongan tembung, yakuwi:
- tembung kriya (mlaku, tuku, adol, lsp.)
- tembung aran (omah, tikus, mrica, lsp.)
- tembung kaanan (kendel, abang, kuru, lsp.)
- tembung katrangan (prayoga, kira-kira, dumadakan, lsp.)
- tembung sesulih (kata ganti: aku, iki, iku)
- tembung wilangan ( siji, akeh, pirang-pirang, lsp.)
- tembung penggandheng/lantaran (ing, saka, menyang, lsp.)
- tembung panyambung (sumawana, suprandene, jalaran, lsp.)
- tembung panyeru (adhuh, wah)
- Tembung Kriya
Kang sinebut tembung kriya yakuwi sakabehing tembung kang nyatakake solah bawa, tindak-tanduk utawa tumandang gawe. Ana sajroning ukara, tembung kriya biyasane nduweni fungsi wasesa.
Tuladha: Nurahma nangis, Gozy tiba.
J W J W
Tembung nangis, tiba kuwi wasesa lan yen ditilik saka jinising tembung kalebu tembung kriya. Sanadyan amung kedadeyang saka jejer lan wasesa ukara ing ndhuwur kalebu ukara singwis komplit.
Dene tembung kriya sing isih mbutuhake tembung liyane amrih sampurnane diarani tembung kriya mawa lesan (kata kerja berobjek/transitif). Tuladhane tembung kriya sing kaya mangkono yakuwi: nabrak, nabok, menthung, adol, nyiram, ngetung, nagih, nuthuk, lsp.
Suwalike tembung nangis, ora perlu utawa ora mbutuhake tembung liyane `
- Tembung Aran
Nama sakabehing barang utawa apa wae kang dianggep barang diarani tembung aran. Miturut kalungguhaning tembung ana sajroning ukara tembung aran bisa kalebokake ana ing jejer utawa lesan. Tuladhane ing ngisor iki.
Adhiku nendhang bal
J W J
Tembung adhiku lan bal, diarani tembung aran.
Tembung aran kaperang dadi rong golongan, yakuwi:
- tembung aran kang maujud (kasad mata)
- tembung aran kang ora maujud (ora kasad mata): kasugihan, kapinteran, kaluwihan, lsp.
Pandhapuking tembung aran kaperanga dadi loro.
- tembung lingga
- tembung andhahan
Dene tembung andhahan kang kalebu tembung aran kadedayan kanthi cara-cara ing ngisor iki.
- Rimbag lingga andhahan, kanthi cara menehi ater-ater: sa-, pa- pi-, pra-, ka-.
- Kadhapuk kriya wacaka, wujude pe-tanduk
- Kadhapuk rimbag wisesana, wujude (- + -an)
- Kadhapuk rimbag dayawacaka, wujude (pa- + tanduk + -an)
- Kadhapuk bawa wacaka, wujude (ka- + lingga+ -an)
- Kadhapuk panambang –wan,-man, -wati.
- Kadhapuk panambang –ku, -mu,-e
- Kadhapuk kanthi cara rimbag rangkep
- Kadhapuk dadi camboran lan wancahan
- Tembung kaanan
Sakabehing tembung kang nyatakake kepriye kaanan/sipat maneka warna bab. Tuladha: kembangabang, omahe gedhe, bocah nakal, lsp. Tembung-tembung kang kalebu kaanan iki nduuweni owah-owahan tertemtu. Ing ngisor iki owah-owahaning tembung kaanan (ana kalane tembung tertemtu kalebu tembung kaanan ana kalane ora kalebu tembung kaanan)
- 1. kalebu tembung kaanan/sipat
Tembung iki tetep digolongake tembung aran menawa papan panggonane ana samburine tembung aran. Tuladhane:
Budi angkara, watak sembrana, ula mandi, lsp.
- 2. kalebu wasesa
Upamane: Omahe Sariman gedhe, klambiku suwek, Anake Pak Suta lara. Gedhe, suwek, larakalungguhane ana sajroning ukara minangka wasesa, dene jinis tembunge minangka kriya silihan.
- 3. kalebu katrangan, jinis tembunge diarani tembung katrangan.
Upamane: sariman mlaku alon-alon. Manuk mabur dhuwur.
Tembung alon-alon lan dhuwur nerangake wasesa, mulane kalebu katrangan. Dene jinis tembunge diarani tembung katrangan.
- 4. kalebu tembung aran
ü diwenehi panambang –e
gedhe dadi gedhene
lega dadi legane
ü diwenehi tembung panggandheng (kata depan): kang/sing.
Ssing cilik lungguh ngarep, sing gedhe lungguh mburi.
Kang lena bakal ketiwasan.
ü menawa nduweni kaanan/sipating manungsa biyasane dadi sesulihe jenenge manungsa kuwi kanthi carra diwenehii tembung si.
Kaya si cebol nggayuh lintang.
ü diwenehi tembung Panggandheng/kata depan ana sangarepe.
Kanthi lega legawaning ati.
- Tembung Katrangan
Gatekno ukara ing ngisor iki!
- 1. Adhiku mangan themal-themil.
- 2. Sarjono nangis senthuk-senthuk/ ndrenginging.
- 3. Maling kuwi mlayu nggendring,
Tembung themal-themil, senthuk-senthuk/drenginging, nggendring, kuwi nyebutake cara-carane mangan, nangis, lan mlayu. Tembung-tembung kang nerangake wasesa utawa nerangake babagan liya kajaba tembung aran kuwi diarani tembung katrangan. Dene tembung kang nerangake tembung aran diarani tembung kaanan. Tembung katrangan sing kulina dianggo yakuwi:
1. tembung katrangan wektu/titi mangsa
2. tembung katrangan papan panggonan
3. tembung katrangan sing nyethakake dadi lan orane pakaryan
4. tembung katrangan kang nyethakake kahanan pakaryan.
Miturut wujude tembung ana kang arupa tembung lingga lan ana kang arupa tembung andhahan. Kang arupa tembung andhahan yakuwi:
- Diwenehi panambang –e: prayogane, maune, lumrahe, wangune, lsp.
- linggane dibaleni: ujug-ujug, durung-durung, suwe-suwe, kira-kira, lsp.
- Diwenehi ater-ater sa-/se- : sakawit, sakala, sajeg jumbleg, lsp.
- Diwenehi ater-ater sa- lan panambang –e: sabisa-bisane, sakuwat-kuwate, sagedhe-gedhene, lsp.
- Tembung Sesulih
Tembung kang dianggo nggenteni jeneng barang utawa manungsa, lan tembung kang nuduhake panggonan barang utawa manungsa diarani tembung sesulih/kata ganti. Peprincening tembung sesulih:
- Tembung sesulih kang mratelakake wong (kata ganti orang);
Tembung sesulih kang mratelakake wong iki kaperang dadi papat:
- Tembung sesulih utama purusa (aku, kula, ingsun)
- Tembung sesulih madyama purusa (panjenengan, ndika, kowe, sampeyan)
- Tembung sesulih pratama purusa (dheweke, Man jae/jeneng wong)
- Tembung milik (omahe, omahmu, omahku)
- Tembung sesulih kang mratelakake dununging barang/wong (kata ganti tunjuk);
- Tembung sesulih kang dadi tembung panggandheng (kata ganti hubung);
- Tembung sesulih minangka pitakon (kata ganti tanya);
- Tembung sesulih barang kang ora nggenah (kata ganti tak tentu);
Ing ngisor iki bab-bab kang magepokan klawan tembung sesulih.
- Tembung sesulih yen nerangake babagan barang dununge ana samburine barang kang diterangakke. Tuladha: bocah iki, omah kae, dhusun sampeyan.
- Ana sajroning ukara tembung sesulih bisa nduweni kalungguhan minangka jejer, wasesa, lesan, lan liyane.
- Jejer: Iki durung disarujuki dening para warga. (komplite: Prakara iki).
- Wasesa: Bocah kang koktakok-takokae dhek wingi iku kae ta?
- Lesan: Tekan seprene aku durung ngreti kuwi (komplite bab kuwi).
- Tembung Wilangan
Tembung wilangan kabedakake telung perangan, yakuwi:
- Tembung wilangan kang nyatakake gunggung (jumlah);
Tuladha:
Beras telung goni kae timbangen!
- Tembung wilangan kang nyatakake undha-usuk/tingkatan.
Anakku sing nomer loro aran Giselia.
- Tembung wilangan durung genah (ora ngerti gunggunge)
Tuladha: Aku mung nampabathi sethithik.
- Tembung Panggandheng
Sakabehing tembung kang nggathukake tembung siji lan sijine diarani tembung panggandheng/tembung lantaran. Ana sajroning Basa Jawa wujuding tembung panggandheng yakuwi:
Ing : Aku wis telung tahun manggon ing kutha.
Menyang : Sore mau, kowe menyang ngendi?
Saka : Bengi-bengi ngene iki kowe saka ngendi?
- Tembung Panyambung
Sakabehing tembung kang bisa nyambung utawa nggathukake antaraning tembung siji lan sijine. Miturut wujude tembung panyambung kaperang dadi loro:
- tembung panyambung kang isih lingga : lan, saha, tuuwin, sebab, lsp.
- tembung panyambung kang awujud andhahan: luwih-luwih, apa maneh.
- Tembung Panyeru
Tembung panyeru diarani uga tembang sabawa.
- Lho, digunakake ana sajroning ukara sing beda karo kanyatan (Lho, kok ngono, mbok ngene)
- Lha, digunakake ana sajroning ukara kang pas/cocok karo kang dikarepake (Lha, ngono kuwi aja kaya mau)
- Eman, kanggo ukara kang nggelakake (Eman, bocah bagus kok patrape kaya ngono!)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar