Tuladha Atur Pasrah Penganten
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun!
Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh ingkang tansah angudi dhumateng pepoyaning kautamen, saha pantes tinulad tuwin kinabekten, menapa dene panjenenganipun para tamu putri miwah kakung ingkang saestu pantes nampi ing boja krami.
Kanthi tansah angunjukaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun, mugia tansah rahayu sagung dumadi ing salami-laminipun, kalebet kula panjenengan sedaya. Amin. Amin Ya Rabbal ‘Alamiin.
Nuwun sewu mugi tansah tinebihna saking tulak sarik menapa dene bebendu, dene kula cumanthaka kumawantun marak sowan anggempil kamardikan panjenengan sedaya ingkang saweg samya eca pangandikan, inggih awrat mundhhi dhawuh tinimbalansaking Bapak-Ibu … saperlu angyangkul jejibahan luhur minangka duta saraya sulih sarira Panjenenganipun Bapak/Ibu …. Ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, kula minangkasulih sarira aking saking panjenenganipun Ibu/Bapak … ingkang sepisan ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan, sumrambah para keluarga samudayanipun, dene dhumateng para pinisepuh ngaturaken sungkeming pangabektos.
jangkep angka kaping kalih, ing nguuni sampun wonten pirembagan ing antawisipun Bp/Ibu …, anggadhahi putra kakung sesilih pun Bagus … kaliyan Bapak/Ibu … ingkang kagungan putra-putri asesilih gendhuk … golong giliging rembag nedya anuntumaken balung pisah daging renggang, bebasan angebun-ebun enjang anjejawah sonten (saking tembung awun-awun lan rarabi), andhodhok ing latar andhodhog lawang sumedya nginang jambe suruhe , kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anggenipun sami pepetangan anunggil cipta, rasa miwah karsa, ingkang menika saking adrenging manah panjenenganipun Bapak/Ibu … anggenipun katampi panglamaripun pramila iing wekdal menika ngaturaken sarana miwah upakarti minangka jangkeping tata cara sesemahan.
Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Ibu/Bp … inggih punika :Sanggan sahamajemuk ingkang sampun wonten wujudipun kanthi pangajabing sedya minangka sarana sahipun sesanggeman saha raketing kekadangan, satemah boten pisah ing salami-laminipuun.
- Ageman ingkang awujud … minangka cihnaning katresnanipun Bapak/Ibu … kangge calon putra pinanganten inggih yoganipun Ibu/Bp … pun gendhuk ….
- Ndungkap atur angka tiga boten kesupen Bapak/Ibu … ngaturaken dana wujudipun arta , kenginga kadamel angentheng-ngenthengi anggenipun Ibu/Bapak …anetepi darmaning asepuh inggih amengku gati amiwaha putra.
Kajawi menika, panyuwunipun Bapak/Ibu …, ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna sarta kapanggihna miturut satataning agami saha adapt ingkang sampun kalampah wonten ing mriki wiwitt alam kuna ing uni.
Minangka pungkasaning atur, mbokbilih Bapak/Ibu … anggenipun ngaturaken sarana dalahh upakarti wonten kuciwa lan kirangipun, mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samodra pangaksama. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Ibu/Bapak …, menawi wonten galap-gangsuling atur, gonyak-ganyuking wicara miwah boten jangkep ing unggah-ungguh lan tata basa satemah adamel runtiking wardaya, saestu nnamung tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.
Akhirul kalam, wa billahi taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun.Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar