Rabu, 07 Oktober 2015

SESERAPAN BABAGAN KARTI BASA

SESERAPAN BABAGAN KARTI  BASA

A. UNGGAH-UNGGUH BASA
1.  Pangertosan Unggah-Ungguh Basa
Unggah-ungguh basa menika pranatan basa miturut lenggahing tata krama utawi sopan santun. Tegesipun sinten kemawon tiyang ingkang kawastanan mangertos unggah-ungguh basa, menawi nalikanipun gineman utawi srawung dhateng tiyang sanes basanipun kedah dipun arah-arah, netepi pranataning subasita, paugeran sopan santun, satemah tiyang wau tansah dipuntampi, dipunremeni ing pasrawungan sarta tebih saking panyendu.
Tiyang ingkang mangertos ing unggah-ungguh saged mapanaken dhiri-pribadhinipun saleres-leresipun sarta tansah caos kurmat dhateng tiyang sanes.
2.  Bab-Bab Ingkang Gayut Kaliyan Unggah-Ungguh Basa
Tiyang ingkang saged tansah caos kurmat dhateng tiyang sanes, sarta mapanaken dhiri-pribadhinipun, pramila salebeting gineman utawi sesambetan kaliyan tiyang sanes kedah tansah ngengeti:
  1. Umur/yuswa
Lare alit kedah asung kurmat dhateng ingkang langkung ageng, ingkang enem kurmat dhateng ingkang sepuh.
  1. Peprenahan
Peprenahan ing pasedherekan/trah/awu. Ingkang akleres enem kedah ngurmati ingkang kaleres sepuh, sinaosa ing bab yuswa langkung sepuh. Anak kurmat dhateng bapak/simbok, adhi kurmat dhateng kakang/mbakyu, anak keponakan kurmat dhateng pak lik/pak dhe lsp.
  1. Drajat/Pangkat
Kalenggahan (kedudukan) tiyang menawi drajat/pangkatipun andhap kedah caos kurmat dhateng ingkang kalenggahanipun inggil. Upami pedamel kaliyan panginggilipun, rakyat kaliyan lurahipun, warganing pakempalan kurmat dhumateng sesepuhipun, lsp.
  1. Kasugihan
Tiyang ingkang gadhah arta-bandha kathah utawi sugih wajib dipunkurmati dening tiyang ingkang mlarat. Tiyang ingkang pasitenipun wiyar, mesthinipun ugi dipun kurmati dening tiyang ingkang sitinipun ciyut. Senaosa kasebat ing nginggil boten lepat saking watak sarta bebudenipun tiyang ingkang sugih wau. Jer sedaya wau wangsul kaliyan ungel-ungelan ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana.
  1. Luhuring Bebuden
Tiyang ingkang gadhah bebuden luhur langkung inggil mesthinipun langkung kinurmatan tinimbang ingkang boten. Upami: pimpinan agama (ulama); gadhah titel (Dr., Drs.lsp); ahli seni (seniman); ahli budaya (budayawan), lsp.
  1. Keturunan
Anak turunipun tiyang ingkang gadhah kaluhuran kados kasebat ing nomer 5, badhe langkung dipunkurmati katimbang anak turunanipun tiyang umumipun.
  1. Pitepangan Enggal
Tiyang srawung menika menawi sampun kulina ketimbang ingkang saweg tepang enggal mesthi raos kurmatipun beda. Langkung kurmat dhateng ingkang saweg pitepangan enggal. Pramila panganggenipun unggah-ungguh langkung dipungatosaken.
3. Wujuding Undha-Usuk Basa
Unggah-ungguh basa, wujudipun undha-usuk basa inggih menika:
  • Basa ngoko (dhapukanipun tembung ngoko sadaya)
  • Basa ngoko alus (dhapukanipun tembung ngoko kacampur krama/krama inggil)
  • Basa krama (dhapukanipun tembung krama )
  • Basa krama alus (dhapukanipun tembung krama kacampur krama inggil)
4. Trap-Trapanipun Basa
  • Trap-trapanipun basa ngoko:
a)      Kangge tiyang sepuh dhateng putranipun/tiyang enem;
b)      Kangge sesami kanca ingkang sampun rumaket pasrawunganipun;
c)      Pangageng dhateng reh-rehanipun;
d)      Guru dhateng siswanipun.
  • Trap-trapanipun basa ngoko alus
a)      Tiyang sepuh dhateng tiyang enem, ingkang langkung enen langkung inggil pangkatipun.
b)      Kangge ngraosi tiyang sanes ingkang statusipun langkung inggil
c)      Tiyang ingkang rumaket srawungipun, ananging sami dene kepingin ngajeni.
  • Trap-trapanipun basa krama
a)      Tiyang gineman ing peken
b)      Tiyang sami pinanggih ing margi
  • Trap-trapanipun basa krama alus
a)      Anak dhateng tiyang sepuh, utawi tiyang ingkang langkung sepuh;
b)      Siswa dhateng guru
c)      Pitepangan enggal;
d)      Punggawa utawi reh-rehan dhateng penginggilipun;
e)      Anggota pakempalan dhateng ketuanipun.
B. JINISING TEMBUNG
1. TEMBUNG LINGGA       
Tegese tembung kang isih wutuh , durung karaketan ing ater-ater, seselan utawa panambang. Tuladhane:
Gludhuk, kaca, wajan, gabus, kertu, tandur, tilar, dalem, lsp.
2. TEMBUNG CAMBORAN
Tegese tembung kang dumadine saka pamoring tembung loro kang tegese digerba dadi siji. Tembung camboran ana loro:
a. Camboran tugel: dubang (idu ababg), lunglit (balung kulit), dokkur (ndhodhok mungkur) , dhegus (gedhe bagus) lsp.
b. Camboran wutuh, ana loro:
1. camboran tunggal tegse tembung kang diamor nduweni teges anyar. Tuladha:
naga lan sari dadi nagasari, gantung lan siwur dadi gantung siwur lsp.
2. camboran udhar: tembung-tembunge isih madeg dhewe-dhewelan tegese durung luluh. Tuladhane: pager wesi, tukang sepatu, gula tebu, lsp.
3. TEMBUNG RANGKEP
Tegese tembung sing dirangkep/dibaleni/kata ulang. Wujude ana telu :
a. tembung dwilingga: dumadine sarana ngrangkep linggane
b. tembung dwipurwa: tembung lingga kanthi ngrangkep wandane wiwitan. Tuladhane: lima dadi lilima(lelima), lara dadi lalara(lelara)lsp.
c. tembung dwi wasana : tembung lingga kanthi ngrangkep wanda kang pungkasan/purwa.
Tuladhane: cekak dadi cekakak, cekik dadi cekikik lsp.
4. TEMBUNG ANDHAHAN
tegese tembung kang wis ngalami owah-owahan sarana antuk ater-ater, sesela, lan panambang.
C. GUGON TUHON
Gugon tegese sipat utawa wewatakan kang gampang banget nggugune marang guneme wong utawa dedongengan.
Tuhon tegese wewatakan kang gampang tuhu utawa mituhu marang guneme wong utawa dedongengan. Gugon tuhon tegese:
  • Tembung watak kang maknane wewatakan kang gampang nggugu lan mituhu marang gunem utawa dedongengan kang pancene mono perlu ginugu utawa pinituhu
  • Tembung aran kang maknane gunem utawa dedongengan kang dening wong-wong sing gugon tuhonan dianggep nduweni daya, menawa nganti ora digugu lan ora katindakake wong-wong sing ora nggugu uripe bakal nandhang ora kepenak.
Gugon tuhon iku kena digolongake dadi telu, yaiku:
v      Gugon tuhon kang salugu. Kang kalebu gugon tuhon kang salugu yaiku bocah utawa wong kang (manut dedongengan) dadi pepintaning memangsane Bathara Kala, kalebu golongane bocah sukerta lan wong kang kalebu panganyam-anyam.Ing ngisor iki kang kalebu bocah sukerta.
1. Ontang-anting: anak lanang siji, unting-unting: anak wadon siji, anggana: anak siji sing urip (tunggale kabeh wis mati)’
2. kedhana-kedhini: anak lorolanang wadon, kedhini kedhana: anak loro wadon lanang, kembang sepasang: anak loro wadon kabeh, uger-uger lawang: anak lorong lanang kabeh
3. Pancuran kapit sendhang : anak telu sing lanang ing tengah, sendhang kapit pancuran: anak telu sing wadon ing tengah, cukil dulit: telu lanang kabeh, gotong mayit: telu wadon kabeh,
4. Sarimpi: anak papat wadon kabeh, saramba: anak papat lanang kabeh, keblat papat kasbut: anak papat lanang-wadon.
5. Pancagati: anak lima wadon kabeh, Pandhawa: anak lima lanang kabeh, lsp.
v      Gugon tuhon kang isi wasita sinandi
Wasita sinandi iku ateges: pitutur kang sinamun, ora dilairake akanti melok utawa ora dikandakake ing salugune.
Gugon tuhon kang isi wasita sinandi uga lumrah diarani aradan, sing akeh-akeh nganggo dikanteni tembung “ ora ilok “ kang satemene ateges “ ora apik “. Tuladane: Aja kekudung kukusan, mundak dicaplok baya, tur ora ilok.
1. Yen kukusan resik kanggo kudungan, banjur dadi reged, njalari regeding sega kang didang nganggo kukusan iku. Manawa kukusanreged, sirahe bocak (wong) kang akudung kukusan iku singbanjur dadi reged, tarkadang gupak sega barang.
2. Wong akudung kukusan mripate melu ketutupan kukusan, ora bisa ndedeleng kanti cetha, marakake numbuk-numbuk (yen mlaku). Dadi kekudung kukusan iku pancen nyata ora prayoga)ora ilok), ora becik).
Gugon tuhon kang kalebu ing golongane iku, akeh banget panunggalane:
1. Jendela menga. Srengenge wis meh surup, jendela durung ditutup.
2. Made tanpa lingkapan. Omah tanpa (digelari) klasa. Made = omah. Madekambang = balekambang, omah kang kinubeng iang banyu, kinubeng ing blumbang, omah satengahing rawa utawa sagaran.
3. Buwang tuma. Petan (metani) oleh tuma mung dibuwang bae ora digites.
4. Adeg lante. Simpen gulungan lampit sarana didegake.
5. Lumah pipisan.  Arep memipis, durung nyadiyakake barang sing arep dipipis, wis nglumahake pipisan.
6. Pajang tanpa samir. Nata bantal kasur ing sentong tengah tanpa tutup utawa turub. Pajang = sentong tengah, kamar kang dumunung ing tengah.
7. Kasur tanpa pramada. Kasur gumelar ing paturon (ajeg) tanpa sepre.
8. Ngandut tampah. = wong meteng lungguh neng tampah jarene bisa njalari jabang bayi wanguning awake bunder kaya bulus. Ngandut = meteng. Lagi ngandut utawa ora, bocak utawa wong tuwo. Lanangan wadona, ora prayoga lungguh ing tampak (ora ilok).
9. Lumbung tanpa dedasar. Simpen pari ana ing lumbung tanpa dilemeki. Lumrahe lumbung iku dilemeki godong kluwih, isi pepuji muga-muga parine nganti tekan ing wektu panen maneh bisa turah, bisa luwih yen dipangan.
v            Gugon tuhon kang kalebu wewaler/pepali
1. wong-wong ing Banyumas ora kena lelungan ing dina Setu Paing
2. wong- wong ing Kendal ora kena gawe omah gedhong
3. wong-wong ing Bagela ora kena nganggo jarit (iket/kemben) gadhung-mlathi. Lan wong-wong kang padha manggon ing desane Bagelan asli ora kena nandur kedhele lan ngingu sapi
4. tedhak turune Panembahan Senopati semangsa mengsah yuda ora kepareng nitih titihan batilan, titihan kang wulune ing surine /buntute dikethok.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar